Ndalu punika si JOLO kaliyan rencang-rencang ngawruhake maem ndalu kaping kalih. La si ahli “default” nyuwun dhahar wonten warung kang sade masakan laut, bahasa indonesanipun seafood. Jarak saking gubug JOLO kiro-kiro lantun tebih mbok menawi wonten 1 kilometer. Namung kepripun melih, sampun dados kekaripun. Laku lampah dhaten warung mboten wonten alangipun kejobo teras ati-ati kaliyan motor kang sliwar sliwer kayo mabok mboten gadah kiro-kiro. Sak sampunipun wonten warung, JOLO kaliyan rencang-rencang pesen cumi asam manis setunggal porsi, cumi goreng tepung kaliyan capjay kuah, sekul 2 piring tambah jus nanas. Padahal sakderenge sampun dhahar mie sop khas NIas,gado tambah nasi. Weleh-weleh jatah ransum harianne pun telas kangge mborong “seafood”. Namung kenikmatan santap kuliner sing JOLO raosaken mboten senikmat menawi ngraosaken santap kuliner wonten siti kelairanipun. namun sampun dados lakonipun menawi rejeki punika sampun wonten ingkang ngatur. Namung menawi mboten kedah bersukur saged-saged JOLO kaliyan rencang-rencang mboten angsal pawilesanipun saking ingkang kagungan urip.
Advertisement

1 comment
Comments feed for this article
September 8, 2009 at 4:40 pm
Den Mas
cumi asem manis, kuliner paling enak sak nias
denmasse:
gludak….20 ewu dab…ngepas nek ping 3